Srengenge

Srengenge
Bagai sang Surya menyinari dunia

Saturday, May 12, 2018

Terhanyut

Keheningan malam menemani lamunan
Melayang pandangan pada sang pujaan
Air mata berlinang di antara impian
Kenyataan semu masih berjalan mapan

Alunan syahdu menggugah kepiluan hati
Penuh harapan menuju alam abadi
Melewati waktu menundukkan nafsu
Menanti embun membasahi batu

Monday, March 21, 2016

WIS LALI

Yen wis dhuwur sekolahe
Wong cendhek ra dikanggoke
Yen wis dadi wong pangkat
Adoh eseme karo sing mlarat

Eseme ana butuhe
Mumbul muluk pamujine
Dadi sampah ing rampunge
Wegah kenal aku kowe

Urip mung pisan
Lair dhewekan
Mati dhewekan
Jan apik tenan?

Thursday, March 17, 2016

YA... NGENE IKI

Ya ngene iki aku
Rep dikapake meneh
Turu meneng melek mlaku
Ora kurang ora luweh

Karepmu aku dadi sampeyan
Karepku sampeyan dadi aku
Lha...terus dadine kapan?
Ora apa apa kanggoku

Aku dudu sampeyan
Ko aran ala mangga
Ko aran apik mletik
Arana sasenengmu

Lho...isih ra nrima
Sing menehi sapa?
Aku ra njaluk
Mung manthuk manthuk

We...lah ndadak kesurupan
Wayahe sih esuk ki
Wis aku arep bali
Muga dha slamet ing ndalan....

NIRUN

Arep nggarap piye?
Wis lali sinaune?
Kuatir bijine?
Paham ilmune?

Tolah toleh
Golek sing ilang
Wani angas
Wedi keweleh

Mangan jangan bung
Isin ngarep irung?
Ngapa bingung bingung
Penting bisa rampung